Ing salah sawijining dhusun ana kulawarga kang
jenenge Mbok Randa lan anak lanange kang bagus, Jaka Tarub. Akeh bocah wadon
kang tresna karo dheweke, ananging dheweke durung pengin duwe bojo. Sanajan
Mbok Randa dudu ibu kandhunge Jaka Tarub, nanging dheweke pengin ngabekti
marang Mbok Randa.
Adhegan I
Mbok
Randa : “Jaka Tarub
anakku… kowe ki wis gedhe, wis duwe KTP. Ning siji sing durung kokduweni… ehm…
bojo, Le.”
Jaka
Tarub : “Nyuwun
pangapunten, nanging Tarub dereng purun, Mbok.”
Mbok
Randa : “Lha simbok
selak pengin nggendhong putu je. Mengko nek simbok wis ora ana, sapa sing arep
ngurusi kowe? Apa kowe ora mesakake karo simbok?”
Jaka
Tarub : “Nggih
mboten ta Mbok. Mugi-mugi mawon simbok panjang
umur.”
Mbok
Randa : “Ya aja
dawa-dawa ta, Le… Mengko kakehan dosa aku.”
Jaka
Tarub : “Nggih,
Mbok. Kula usahakaken.”
Mbok
Randa : “Tenan lho, Le.”
Ora let suwe sadurunge Jaka Tarub netepi janjine
marang Mbok Randa, Mbok Randa seda jalaran lara tuwa. Jaka Tarub gela banget.
Adhegan
II
Ana ing alas swasana sore wis lekas terang. Udan sing
wingine gedhe… banget wis mandheg. Srengengene wis lekas katon. Eh, ditambah
ana pelangi njedhul ing sisih kulon. Jarene wong-wong ta angger ana pelangi,
berarti arep ana widadari sing arep adus neng bumi, ning bener orane ya mbuh
ora ngerti. Saya suwe bit-semribit ana ambu-ambuan kang wangi banget. Ana apa
ya? Suara kemrincing krungu seka sisih kulon.
Byur… Byur… Byur…
Widadari
Abang : “Cihuy! Asik, aku bisa
adus meneh. Jan banyune seger tenan. Wis seminggu ora adus, awake pada pliket.
Walah jan. Pokoke segere pol tenan. Sip.”
Widadari
Jambon : “Ho’oh, segere pol. Ning
angger aku ya ora kaya kowe. Lha kowe dadi widadari ora tau adus. Saiki neng
kayangan wis ana pemandian umum. Ora ngerti sih, katro banget!!!”
Widadari
Kuning : “Ih, ya ampyun… Sapa kuwi
sing arang adus? Ngisin-isini banget dadi widadari. Mosok widadari arang adus.
Ki conto akyu ya, saben dina ora tau lali manycure
pedycure. Jan… ambune mbok wangi tenan.”
Widadari
Ijo : “Halah, ya wis.
Mung kaya ngono we dibahas. Aku sing padha wae karo Abang arang adus we meneng
wae kok.”
Widadari
Abang : “Dhuh… Ijo, dadi aku ana
kancane? Ha… ha… ha… Tos dhisik, yo! (Tos! Tos! Tos!)
Widadari Ijo : ”Tos!”
Widadari
Kuning : ”Ya ampyun, kaya ngono
kok dibanggakake. Mbok jijai ngerti! Oh, ya… ngomong-ngomong si Ungu, Biru, karo
Nila lagi neng ngendi, ya? Kok ket mau ora ketok.”
Widadari
Jambon : ”Oh…, kae wong telu.
Ngene ya tak omongi. Si Ungu mau wis ijin arep konser dhisik karo Jastin Biber,
si Biru lagi masak oseng-oseng mercon nggo Papi Raja, terus si Nila lagi dolan neng mall karo pacare. Mau ki wis dakajak
ning tetep ora gelem.”
Widadari Kuning : “Ow… dadi ngono kuwi tah.”
Adhegan III
Nalika Jaka Tarub bali saka golek iwak, ora sengaja dheweke ngambu wewangian
kang asale saka kali. Jebule ambu wangi kuwi asale seka para widadari kang lagi
adus.
Jaka
Tarub : “Eh, kok
kayane ana sing beda? Ana mambu wangi ana apa ya? Kayane ambune seka kulon.
Jajal daktiliki ah.
Walah-walah,
apa aku ora salah weruh? Kae widadari lagi pada adus! Bening tenan, kena nggo
cuci mata iki. Tamba ngantuk!
Oh ya, aku
duwe ide cemerlang, dakjupuk salah siji slendange, ben
ora bisa bali. (njupuk slendang sing jambon)
Adhegan IV
Sawise
adus para widadari banjur padha bali menyang kayangan.
Widadari
Ijo : ”Kanca-kanca, ayo
lah padha bali neng kayangan, kayane aduse wis cukup. Wis keset iki, lho!”
Widadari
Kuning : “ Aduh biyung, aku isih
kepengin kungkum, dhela meneh ya?”
Widadari
Abang : “Tapi kayane wis sore
lho, nek didukani Papi Raja piye?”
Widadari
Jambon : “Ya wis lah.Yo, lek wis!”
Eh,
slendangku neng ngendi ya? Kok raib?” (kaget)
Widadari
Kuning : “Tape deh… Mau lak ya wis
kokselehke kono ta? Jal goleki meneh!”
Widadari
Jambon : “Wis kok, tapi ora ana.
Kepiye iki, aku ora bisa bali?”
Widadari
Abang : “Ayo cepetan, wis sore!
Aku, Ijo, karo Kuning bali dhisik ya, Mbon?”
Widadari
Jambon : ”Lha aku kepiye neng kene,
mosok aku ditinggal dhewe? Emoh lah, emoh!”
Widadari
Ijo : “Ya wis lah. Trima
wae nasibmu iki, Mbon.”
Widadari
Kuning : “Mbon, aku padha bali
dhisik ya… I’m sorry good bye… Sorry
dory stroberi ya…”
Widadari
Jambon akhire ditinggal dhewe. Ora ana sing gelem ngancani.
Adhegan V
Ijlik-ijlik
Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan wae…
Widadari
Jambon : “Hiks… hiks… hiks… Slendangku
neng ngendi? Kepiye iki?”
Jaka
Tarub : “Eh… Cah
ayu, keneng apa nangis neng kono dhewekan? Wis gedhene semono mosok nangis? Apa
ora isin?”
Widadari
Jambon : “Slendangku ilang.”
Jaka
Tarub : “Kok bisa
ilang?”
Widadari
Jambon : “Hah! Sapa kuwi sing
takon? Ana swara kok ora ana rupa?”
Jaka
Tarub : “Ki aku
neng kene. Nylinguka mburi.”
Widadari
Jambon : “Subhanallah! Sampeyan
sapa? Kok andang-andang bisa neng kono?”
Jaka
Tarub : ”Oh… Kowe
ora ngerti aku ya? Ya wis. Tepangake, aku Jaka Tarub. Pemudha sing paling
cakep, paling ganteng, paling joss neng desa iki. Nah saiki giliran aku sing
arep takon. Cah ayu dhewe jenenge sapa, terus kok bisa neng kene kepiye ceritane?”
Widadari
Jambon : ”Dadi sampeyan Jaka
Tarub. Sing nggaweni tarub angger ana manten ya?”
Jaka
Tarub : ”Sembarangan…
Aku Jaka Tarub, udu tukang nggaweni tarub.”
Widadari
Jambon : ”Oh, ngono… Ya wis,
giliran aku ya. Aku Widadari Jambon. Nama bekene
Nawang Wulan. Aku teka seka kayangan, tapi sing dadi masalah saiki aku ora bisa
bali neng kayangan. Soale slendangku ilang.”
Jaka
Tarub : ”Ow… dadi ngono
ceritane. Melasi temen awakmu… Ya wis, saiki kowe melu aku wae, yo!”
Widadari
Jambon : ”Melu neng ngendi?”
Jaka
Tarub : ”Aja
kakehan takon, keri melu wae kok. Apa kowe gelem tak tinggal dhewekan neng
kene? Angger wengi-wengi ana sing ngawe-awe. Hayo, gelem ora?”
Widadari
Jambon : ”Apa iya? Lha ya emoh.”
Jaka
Tarub : ”Ya wis, mulane
melu aku wae. Sante wae, ora arep dakapa-apake.”
Widadari
Jambon : “Janji lho! Ya wis, saiki
aku melu sampeyan. Tapi angger sampeyan macem-macem, dakthuthuk lho…”
Jaka
Tarub : “Iya lah…”
Sawise ngono, Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub.
Basan wis suwe akhire Jaka Tarub karo Widadari Jambon padha seneng-senengan,
banjur pengantenan, lan akhire dikaruniai anak wadon aran Nawangsih.
Adhegan VI
Para widadari sing maune pada neng kayangan teka.
Para widadari kuwi oleh perintah seka Papi Raja supaya methuk
Nawang Wulan bali.
Widadari
Ungu : ”Mbon, kepiye kabare?
Apik-apik wae tah? Suwe ora ketemu ya?”
Widadari
Jambon : ”Eh… Ungu, Biru, Nila.
Aku apik-apik wae neng kene. Piye kabare, waras kabeh tah? Kabare Papi Raja
kepiye?”
Widadari
Biru : ”Aku karo kanca-kanca
neng kana ya pada bagas waras kabeh.”
Widadari
Nila : ”Jan aku nggumun
karo kowe. Bisane betah neng bumi. Ana apa jane?”
Widadari
Jambon : ”Aku neng kene ketemu
karo cowok sing ganteng banget, jenenge Jaka Tarub. Dheweke sing nulungi aku
pas aku ditinggal karo Abang, Kuning, karo Ijo kae.”
Widadari
Nila : “Terus?”
Widadari
Jambon : “Terus saiki aku wis
bebojoan karo Jaka Tarub, malah saiki aku wis duwe anak wadon siji. Ya ayune
ora kalah seka ibune. Jenenge Nawangsih.
Sik tak celuke.
Sih,
mrenea ndhuk.
Nawangsih : “Nggih, Kanjeng Mami.”
Widadari
Jambon : “Tepangake, iki
bulik-bulikmu seka kayangan. Iki Ungu, iki Biru, lan iki Nila.”
Nawangsih : “By the way, Bulik kok padha mrene ana jalaran apa? Njanur gunung
banget.”
Widadari
Ungu : ”Ceritane, aku, biru,
karo Nila diutus eyangmu Papi Raja supaya methuk ibumu bali kayangan.”
Widadari
Biru : “Ho’oh. Nggo ngapa
urip neng kene? Ora kepenak, mendhing urip neng kayangan. Apa-apa ana.”
Nawangsih : “Ya aja ngono ta,
Bulik. Mengko nasibku karo Bapak kepiye?”
Widadari
Nila : ”O… dadi aku sia-sia
ya adoh-adoh mrene? Aja ngono ngapa!”
Widadari
Jambon : “Pangapura ya
kanca-kanca. Aku ora bisa melu kowe padha. Soale aku wis betah neng bumi. Aku
isih kepengin neng kene. Sepisan meneh pangapura ya. Aku ora bisa.”
Widadari
Ungu : ”Ya wis nek kayangono
karepmu, ning aku padha isih ngarepake kowe bali kayangan meneh.
Widadari
Biru : ”Wis lah, aku ora
arep meksa. Sing penting kowe seneng, aku ya melu seneng.”
Widadari
Jambon : ”Nuwun ya wis padha
pangerten karo aku.”
Widadari
Nila : ”Ya wis, ayo padha
bali. Wis sore ki, mendhung meneh. Mengko neng ndalan kudanan kepiye.”
Widadari
Ungu : ”Mbon, aku bali ya… Da…
dah…”
Para
widadari kuwi akhire bali kayangan, tapi Widadari Jambon tetep ora gelem bali.
Adhegan VI
Neng
ngomah…
Widadari
Jambon : ” Pak, berase wis entek.
Sesuk adange kepiye?”
Jaka
Tarub : “Tenane?
Beras sing wingi isih tah? Mosok cepet banget enteke.”
Widadari
Jambon : “Isih jare sinten. Wong
wis bersih tak bersisa kok.”
Jaka
Tarub : “Oh ya,
neng lumbung beras kulon omah isih ana berase. Wingi ana kiriman beras seka Pak
Presidhen.”
Widadari
Jambon : “Jajal daktiliki ya,
Pak.”
Jaka
Tarub : ”Ya.”
Adhegan
VII
Neng lumbung beras kuwi, ora disangka-sangka Widadari
Jambon nemu slendang warna Jambon. Mirip kaya slendange sing biyen ilang. Widadari
Jambon curiga, apa iya Jaka Tarub sing njupuk
slendange. Widadari Jambon jengkel banget.
Widadari
Jambon : “Pak, aku arep takon.
Penting benget! Ki masalah slendangku sing biyen ilang. Pak, kenapa bisa
slendangku ana neng lumbung beras? Aja-aja Bapak sing njupuk slendangku biyen
ya?”
Jaka
Tarub : ”Hah… Slendang?
Slendang apa? Aku ora ngerti.”
Widadari
Jambon : “Halah, ora usah mungkir.
Ngaku wae, Pak. Aku bener-bener kecewa karo Bapak. Wis dakbela-belani ora bali
kayangan, eh jebul sing njupuk slendangku biyen malah wong sing paling aku
tresnani. Teganya… teganya… teganya…”
Jaka
Tarub : ”Pangapurane,
Yang… Aku bener-bener njaluk pangapura. Aku ora ngerti bakalan kaya ngene
akhire.”
Widadari
Jambon ; ”Pak, aku kuciwa… kuciwa.
Sedhih atiku…
Aku ora
bisa kaya ngene terus. Aku wis diapusi. Aku kudu lunga seka kene.”
Nawangsih : “Bu, Ibu, aja lunga.
Mengko nek aku kangen Ibu piye? Mosok nyawang Bapak terus? Jeleh noh! Ibu ora
mesakake karo aku pa?”
Jaka
Tarub : ”Yang, aja
lunga… Aja tinggalna aku dhewekan neng kene. Melasi Nawangsih, mosok aku dadi duda…
Hiks… hiks… hiks…”
Widadari
Jambon : Pak, tulung jaga
Nawangsih sing bener. Aku titip tulung dirumat. Aja nganti kurang pangan. Wis,
aku lunga ya… Slamat tinggal…”
Nawangsih : “Ibu…!!!”
Widadari Jambon akhire bali neng kayangan.Anak
siji-sijine karo bojone ditinggal lunga
dhewekan. Saben ana pelangi, Widadari Jambon ngintip kahanane anake seka
langit. Jaka Tarub banjur dadi duda.
-The End-
(Naskah ini disalin dari naskah "Jaka Tarub" versi Banyumasan oleh Le Hieu dengan penerjemahan bahasa ke Bahasa Jawa versi penyalin)
This entry was posted
on 16.46.00
and is filed under
Bahasa Jawa,
Stembayo,
Tugas
.
You can leave a response
and follow any responses to this entry through the
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
.