Ki Hajar Dewantara miyos wonten ing Ngayogyakarta, 2 Mei 1989 saking pasangan Raden Ayu Sandiah kaliyan Raden K. P. H. Suryaningrat, putranipun Sri Paku Alam III, kanthi asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Ki Hajar Dewantara menika salah satunggalipun pelopor pendhidhikan kagem kaum pribumi Indonesia wonten ing jaman penjajahan Walandi.
Raden Mas Suwardi Suryaningrat kaanggep mbebayani awit ngedegaken Perguruan Taman Siswa ingkang nyaosi kesempatan kagem para pribumi supados saged pikantuk pendhidhikan kadosdene para priyayi utawi tiyang-tiyang Walandi. Menapa malih nalika nyerat “Als Ik Een Nederlander Was” (Menawi Kula Tiyang Walandi), wonten ing serat kabar de Express kagunganipun Dr. Douwes Dekker wonten ing warsa 1913. Seratan menika minangka wujud protes dhateng pamarintah Walandi. Panjenenganipun kacepeng lajeng kasingkiraken kanthi ukum bucal ing negari Walandi, ugi kedah nilar gelar bangsawanipun. Sasampunipun nindakaken ukum bucal panjenenganipun misuwur kanthi asma Ki Hajar Dewantara.
Kajawi sinebat Bapak Taman Siswa lan bapak Pendhidhikan Indonesia ugi sinebat budayawan, awit Ki Hajar Dewantara nate kaparingan gelar Doctor Honoris Causa saking Prof. M. Sarjito, minangka Rektor Universitas Gajah Mada nalika tanggal 19 Desember 1956. Dhasaripun awit Perguruan Taman Siswa nindakaken Sistem Pendhidhikan Nasional minangka sarana nggayuh kabudayan nasional.
Ki Hajar Dewantara ugi misuwur kanthi pamanggihipun bab Trilogi Kepemimpinan ingkang isinipun menawa pemimpin menika kedah nindakaken tigang prekawis, inggih menika:
- Ing ngarsa sung tuladha, ingkang tegesipun pemimpin saged dados patuladhan ingkang sae tumrap andhahanipun.
- Ing madya mangun karsa, ingkang tegesipun pemimpin saged paring pitedah saha wewarah, panemu, saha wawasan, satemah ingkang kapimpin saged nindakaken jejibahan kanthi sae.
- Tut wuri handayani, ingkang tegesipun pemimpin saged ngawat-awati, paring, pangestu, panyengkuyung, saha panjurung satemah ingkang kapimpin gumregut nindakaken jejibahan.
Awit labuhanipun tumrap bangsa lan negari, pamarintah paring sesebatan pahlawan nasional tumrap Ki Hajar Dewantara.
Ki Hajar Dewantara seda tanggal 26 April 1959 lan kasarekaken wonten ing taman Langgeng pasareyan kulawarga Taman Siswa. Adhedhasar tanggal lan wulan kalairanipun Ki Hajar Dewantara, Pamarintah Republik Indonesia nalika tanggal 16 Desember 1949 netepaken Dinten Pendhidhikan Nasional utawi hardiknas dipunpengeti saben tanggal 2 Mei minangka tandha atur panuwun saking pamarintah dhateng Ki Hajar Dewantara ingkang ageng lanuh labetipun ing babagan pendhidhikan wonten ing Indonesia .
Kapethik saking Kaloka Basa Kangge Kelas IX SMP lan MTs lan http://jv.wikipedia.org/wiki/Ki_Hajar_Dewantara/
This entry was posted
on 15.48.00
and is filed under
Bahasa Jawa,
Negsago,
Tugas
.
You can leave a response
and follow any responses to this entry through the
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
.