Gara-gara Harta Karun  

Posted by: Diah Lutfi Ani in , , ,


-->

Abu Nawas bingung, sedhih, campur jengkel, nanging ora bisa tumindak apa-apa nalika para prajurit saka Kraton Bagdad pada mbungkar omahe Abu Nawas. Adhedhasar impene Sultan Harun Al Rasyid, ing sangisore omahe Abu Nawas ana harta karune. Mula, Sultan banjur dhawuh para prajurit supaya njupuk harta karun mau. Nganti mobrak-mabrik, bosah-baseh, omahe Abu Nawas ambruk, harta karun ora ditemokake. Abu Nawas judheg, kepriye carane njaluk pengadilan marang Kanjeng Sultan. Abu Nawas meres utek, nganti bengi ora bisa turu, ora doyan mangan. Panganan sing disedhiakake bojone nganti mambu dirubung laler. Weruh panganan sing dirubung laler, Abu Nawas oleh gagasan lan mesem kecut.
“Bune, tulung jupukna jarik kanggo nutup panganan iki lan penthungan kayu!” parentahe Abu Nawas marang bojone.
“Kagem menapa, Kangmas?” pitakone bojone.
“Kanggo males Kanjeng Sultan amarga tumindake para prajurit ngrusak omahe dhewe, ora gelem njaluk pangapura lan menehi kerugian.”
Tekan Kraton, Abu Nawas matur Kanjeng Sultan Harun Al Rasyid, “Ampun, Kanjeng Sultan, kula badhe atur pelapurasn lan nyuwun pengadilan awit tumindakipun tamu-tamu kula ingkang murang tata awit nedha sekul kula tanpa lila kula.”
“Yen ngono tamu-tamumu kuwi kudu diukum.”
“Kula piyambak saged paring paukuman Kanjeng Sultan, nanging kula nyuwun lilah paduka kanthi dipunsekseni para mantri lan punggawa ing pasewakan menika.”
Sultan Harun Al Rasyid paring lilah. Abu Nawas wiwit mbukak jarike sing kanggo nutup sega mambu. Laler-laler padha mabur mawurahan. Abu Nawas mbledik, laler-laler dioyak dithutuki. Ana sing mencok ing guci. Guci diantem pecah. Lemari, bifet, kursi, kaca, lawang, kabeh sing ana ing pasewakan dadi morat-marit, bosah-baseh.
Kanjeng Sultan ora bisa apa-apa, banjur tanggap iki carane Abu Nawas males marang dheweke. Kanjeng Sultan uga rumangsa luput, banjur njaluk pangapura marang Abu Nawas. Abu Nawas uga njaluk pangapura, nanging saiki wis lega. Abu Nawas mulih kanthi ati sing plong. Bojone sing maune was-was lan sumelang, mesthi kepengin krungu ceritane.

This entry was posted on 12.54.00 and is filed under , , , . You can leave a response and follow any responses to this entry through the Langganan: Posting Komentar (Atom) .

0 komentar

Posting Komentar

Thanks for Visiting