Rumiyin,
jathilan kalebet tarian ritual kangge ngundang roh jaran saha nyuwun
katentreman desa sarta kekasilan panen. Miturut perananipun wonten ing masyarakat
Jawi, jaran nglambangaken kakuwatan, kapiturutan, saha solah bawanipun
pelayanan saking masyarakat alit. Ananging
sairing perkembangan jaman, jathilan sampun dados seni pagelaran ingkang merakyat.
Sedayanipun saged dipunpriksani saking kostum, cacahipun penari, saha gerakan
kang ugi ngalami perubahan.
Alur carita utama wonten ing seni jathilan
ngerefleksiaken maneka problematika ingkang timbul wonten ing hubungan
antawisipun masyarakat ageng kaliyan kaum buruh. Kelas buruh ingkang dipun
wakilaken para penari jaran dipun gambaraken tanpa aturan, mboten
mandheg-mandheg obahipun, pacak gulu
(ngobahaken sirah wonten kiwa kaliyan tengen), siring (obah kesamping kaliyan
setengah mlayu), njondhil (ngelompat), gulingan, ngantos dumugi kerasukan. Wonten
ing sekitaripun, tiyang kakung kaliyan cemeti tansah ngawasi tindakanipun para
jaran. Priyantunipun dipungambaraken
minangka tokoh ingkang luwih sekedhik cacahipun, mboten urakan, kaliyan
nggadhahi otoritas. Kesan arogan kaliyan datar tanpa basa-basi dipunmunculaken
kaliyan dominasi warni abrit kaliyan
cemeng wonten ing riasan rai kaliyan rasukanipun. Tokoh menika obah mubeng
ngubengi penari jaran wonten ing tengah arena ingkang “kesenengen” ndherek
tembangipun. Sesepisan mlecutaken cemeti kagem mengetaken penari jaran
nalikanipun sami “kebablasen”.
Minangka cerminan menawi kesenian menika asalipun lan ngrembakanipun wonten ing masyarakat alit, kesan minimal ugi kapancar saking kelompok music pangiringipun. Menawi dipungatekaken, uyon-uyon ingkang dipunasilaken karaos datar lan monoton. Ananging mboten tanpa maksud, selain pengin ngawontenaken kesan magis babagan kasebat ugi nglambangaken padintenanipun kaum panyambut damel alit ingkang kebak kaliyan rutinitas.
Minangka cerminan menawi kesenian menika asalipun lan ngrembakanipun wonten ing masyarakat alit, kesan minimal ugi kapancar saking kelompok music pangiringipun. Menawi dipungatekaken, uyon-uyon ingkang dipunasilaken karaos datar lan monoton. Ananging mboten tanpa maksud, selain pengin ngawontenaken kesan magis babagan kasebat ugi nglambangaken padintenanipun kaum panyambut damel alit ingkang kebak kaliyan rutinitas.
Kelompok
panggamel naming terdiri saking tiyang-tiyang ingkang memainkan satunggal set
gamelan sedherhana ingkang terdiri saking saron, kendhang, gong, lan kempul.
Umumipun, jathilan wonten ing Ngayogyakarta mboten ngalami perubahan ingkang mendasar
saking segi music pangiring. Kesan irama kanthi tempo statis lan sekedhik
variasi lonjakan tetep dipunpertahankan.
Nalikanipun
gendhing pangiring sangsaya banter, penari sangsaya ndadra. Pungkasanipun
asring sami ndados. Menika ingkang dipuntengga dening pamiyarsa. Salajengipun
sami nedha beling, ngonceki klapa ngangge waja, mecah bathok ngangge sirah,
lajeng ngunjuk toyanipun. Asring nedha sekar lan ngunjuk saking wadhah komboran
kados jaran. Wonten ing pungkasan, iringing gendhing wangsul kados nalika
wiwitan. Priyayi kakung mawi pecut dados pawang utawi ingkang nambani para
penari ingkang ndados. Piyambakipun nyikep tiyang ingkang ndados, maos mantra,
lan nyemburaken toya. Sakkal penari ingkang ndados kala wau kaku badanipun lan
pulih anaging mboten kengetan menapa kemawon ingkang dipunlampahi.
(Kapethik
saking http://dijogja.wordpress.com/2009/07/29/jathilan-seni-marjinal-di-tepi-jaman/, mawa ewah-ewahan saperlunipun)
This entry was posted
on 21.07.00
and is filed under
Bahasa Jawa,
Stembayo,
Tugas
.
You can leave a response
and follow any responses to this entry through the
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
.