Jathilan  

Posted by: Diah Lutfi Ani in , ,


Jathilan inggih menika pagelaran seni ingkang ngrembaka wonten ing tlatah Ngayogyakarta. Jathilan ugi kasebat jaran kepang, jaran dor, utawi kuda lumping. Satunggal kelompok penari jathilan sababar kanthi kalih peran, inggih menika penari jaran saha jaler ingkang mbeta cemeti/pecut. Anyaman bambu ingkang dipundamel kados jaran saha wontenipun para pangrawit sampun dados ciri saking pagelaran punika. Padatanipun jathilan dipungelar wonten wanci siyang ngantos sonten.

                Rumiyin, jathilan kalebet tarian ritual kangge ngundang roh jaran saha nyuwun katentreman desa sarta kekasilan panen. Miturut perananipun wonten ing masyarakat Jawi, jaran nglambangaken kakuwatan, kapiturutan, saha solah bawanipun pelayanan saking masyarakat alit. Ananging sairing perkembangan jaman, jathilan sampun dados seni pagelaran ingkang merakyat. Sedayanipun saged dipunpriksani saking kostum, cacahipun penari, saha gerakan kang ugi ngalami perubahan.

Alur carita utama wonten ing seni jathilan ngerefleksiaken maneka problematika ingkang timbul wonten ing hubungan antawisipun masyarakat ageng kaliyan kaum buruh. Kelas buruh ingkang dipun wakilaken para penari jaran dipun gambaraken tanpa aturan, mboten mandheg-mandheg  obahipun, pacak gulu (ngobahaken sirah wonten kiwa kaliyan tengen), siring (obah kesamping kaliyan setengah mlayu), njondhil (ngelompat), gulingan, ngantos dumugi kerasukan. Wonten ing sekitaripun, tiyang kakung kaliyan cemeti tansah ngawasi tindakanipun para jaran. Priyantunipun dipungambaraken  minangka tokoh ingkang luwih sekedhik cacahipun, mboten urakan, kaliyan nggadhahi otoritas. Kesan arogan kaliyan datar tanpa basa-basi dipunmunculaken kaliyan dominasi  warni abrit kaliyan cemeng wonten ing riasan rai kaliyan rasukanipun. Tokoh menika obah mubeng ngubengi penari jaran wonten ing tengah arena ingkang “kesenengen” ndherek tembangipun. Sesepisan mlecutaken cemeti kagem mengetaken penari jaran nalikanipun sami “kebablasen”.


Minangka cerminan menawi kesenian menika asalipun lan ngrembakanipun wonten ing masyarakat alit, kesan minimal ugi kapancar saking kelompok music pangiringipun. Menawi dipungatekaken, uyon-uyon ingkang dipunasilaken karaos datar lan monoton. Ananging mboten tanpa maksud, selain pengin ngawontenaken kesan magis babagan kasebat ugi nglambangaken padintenanipun kaum panyambut damel alit ingkang kebak kaliyan rutinitas.

                Kelompok panggamel naming terdiri saking tiyang-tiyang ingkang memainkan satunggal set gamelan sedherhana ingkang terdiri saking saron, kendhang, gong, lan kempul. Umumipun, jathilan wonten ing Ngayogyakarta mboten ngalami perubahan ingkang mendasar saking segi music pangiring. Kesan irama kanthi tempo statis lan sekedhik variasi lonjakan tetep dipunpertahankan.

Nalikanipun gendhing pangiring sangsaya banter, penari sangsaya ndadra. Pungkasanipun asring sami ndados. Menika ingkang dipuntengga dening pamiyarsa. Salajengipun sami nedha beling, ngonceki klapa ngangge waja, mecah bathok ngangge sirah, lajeng ngunjuk toyanipun. Asring nedha sekar lan ngunjuk saking wadhah komboran kados jaran. Wonten ing pungkasan, iringing gendhing wangsul kados nalika wiwitan. Priyayi kakung mawi pecut dados pawang utawi ingkang nambani para penari ingkang ndados. Piyambakipun nyikep tiyang ingkang ndados, maos mantra, lan nyemburaken toya. Sakkal penari ingkang ndados kala wau kaku badanipun lan pulih anaging mboten kengetan menapa kemawon ingkang dipunlampahi.

Thanks for Visiting